*MONGGO DIWAOS SAE SANGET*
=========================
Manungso kuwi dititah padha,
Nanging yen masalah banda, dijatah bedha
Mulo wajib e ngupadaya lan dedunga
Entuk rejeki sepiro atine sing nrima
Ora usah iri lan meri rejekine kanca
Saiki padha akeh wong stress
Mergo uripe akeh sing ora beres.
Rino wengi mburu dunyo nganti rembes
Njur nganti lali agama lan atine ora dipaes
Malah remen nyalah-nyalahke tiyang sanes
Mula, aja padha gampang ngersula
Ngunu kuwi mundhak gelis tambah tua
Ilingana yen wong kang nrima umure dawa
Dehne wong kang sulaya, uripe bakal rekasa
Wong kang sabar, rejekine bakal jembar
Wong kang ngalah, uripe bakal barokah
Sapa sing jujur, uripe bakal makmur
Sapa sing telaten, tembe mburi bakal panen
Dehne sing sombong amale bakal kobong
Jamane wis zaman tua
Akeh manungsa wis angel ditata
Babagan tuntunan lan agama
Senengane malah padha gawe dosa
Tumindak dosa saben dina padha ora krasa
Sithik-sithik ora krasa, ora ketara
Suwi-suwi dadi cetha, sansaya wus dadi kulina
Sing podho ati-ati, iling lan waspada
Menowo sira gegojegan karo kanca
Ngerasani tanggane, ngojah salahe wong liya
Kadhang ora rumangsa yen awake gawe dosa
Ayo mumpung turung telat, enggal padha tobat
Timbang sira mbesok kena siksa akhirat
Imane ayo dijaga sing luwih kuat
Aja nganti gampang karidu marang maksiat
Rumangsane mung dosa sepele, ora digatekne
Nanging gedhe akibate marang awake dhewe
Mumpung isih urip, ngibadaho kanthi tertib
Ngelingana yen wes mati, Ora bakal iso bali
Mumpung isih waras, ngibadaho kanti ikhlas
Ngelingana yen wes lara, ora bisa apa-apa
Mumpung isih longgar, ngibadaho kanti sabar
Ngelingana yen wis repot ibadah rasane abot
Pungkasane sopo lan opo wae awakmu mula OJO DUMEH
Cekap semanten Pituture pinisepuh Jawa
Mugi manfaati kangge pepenget kita sedaya
Mangga digetok-tularno nang para kadang/dulur sedaya. Nuwun. 🙏
Tidak ada komentar:
Posting Komentar